sinom
01. wonten kandha kang carita,
caritanne du(g)hing dhingngin,
turunipun wira lodra,
lara kalar hasal neki,
laki jaka kuwat mangkin,
pejajaran putra ratu,
peputra (ra)den mangku yuda,
jumeneng haneng metawis,
hapeputra hangabehi wira seca.
02. wira seca pan kagungan,
karta wangsa putra mangkin,
jeneng tumenggung metaram,
wedharre turun puhiki,
kanthos dhateng majapahit,
pan sanak kadang sedulur,
panembahan kibethara,
kang sumareh gunung kumbang (sumbing),
hingkang katha,
wedharre kang para putra.
03. hanulya kagungan putra,
jeng pengeran hadipatih,
luwano (luwanah) kang peparab,
bagelen hingkang negari,
kagungngan putra malih,
gagak pernnala tumenggung,
hing begelen lumangantiya,
lajeng hapeputra malih,
kathahipun sekawan para bopatya.
04. putra pemajeng punika,
pan raden gagak kumitir,
hing begelen kang negara,
gagak wirawijayeki,
hing tanggelen kang negari
hanulya katiga nipun,
gagak pringga hadipura,
kang ganti para bopati,
para sekawan,
den ganti wira handaka.
05. dadi bopatih negara,
karangjati kang negari,
putra kang pemajeng hika,
pan raden gagak kumitir,
hanulya peputra mali,
hanang banyu hurip kedhu,
den ganti wira kusuma,
hanulya peputra malih,
gagak singa lodra kang dadi bopatya.
06. pemajeng wangsa negara,
wangsa yuda rayi neki,
wira lodra kaping tiga,
tanu jaya hingkang rayi,
tanu jiwa kang wuragil,
hing begelen dalemipun,
kang putra wira loddraka,
sangnget sangking nyandang king kin,
nulya kesa remeni pun hamertala.
07. hanneng sahinggilleng mlaya,
pernah hingkang sepi sepi,
gumulling hana hing kesma,
hanu hun hing yang widi,
sarengat tarekat mangkin,
kakekat maripat tipun,
tan sanes hingkang de(n) tingal,
hamenneng hing wujud tunggil,
jaba jerro supaya dadi satunggal.
08. tinggal sare miwa dhahar,
tigang tahun lami neki,
kantak gagraha husika,
sampun hical wujud tunggil,
medal caya hing kang wehing,
tandha tinarimmeng hagung,
kang den suwun hing yang sukma,
muga-muga hantuk mukti,
saturunne muga hantukka kamulyan.
09. sareng nuju malem jumngah,
hingngalli wonten hing langit,
sunar padhang kadi lintang,
sareng sing wetan ninnggalli,
bumi byar padhang nelohi,
yahiku caya handaru,
caya tinarima yang sukma,
hical kang pepadhang mangkin,
nulya ganti kinanthi hingkang tinembang.
kinanthi
10. hantuk marmane yang hagung,
suwara kang kapiyarsi,
heh kacung pan wira lodra,
lamon pengen mulya kaki,
saturun turunira,
babadda hing halas kaki.
11. hing kulon hungsinen kulup,
hing halas cimanuk kaki,
halas gedhe hiku nyawa,
pan bakal dadi negari,
kanggo turun turunira,
dugi turun pitu mangkin.
12. kaki hanak putuhemu,
mila henggal lungngaha kaki,
nulya henggal wira loddra,
ngelilir gonira guling,
tumunten cahos jeng rama,
ngaturraken himpen neki.
13. sedaya sami tinutur,
hing jeng rama hadipatih,
nulya jeng rama ngandika,
kaki hanak hingsun gusti,
teka hidini dehing rama,
mugya tulussa mangkin.
14. sun srahhaken hing yang hagung,
sangking sakarsane kaki,
putra hingsun hadhuh nyawa,
rinangkul dipun tangngisi,
putra ngambung suku rama,
miwah hanang hibu neki.
15. kahidinnan sampun kondur,
ngarsa hibu rama neki,
sami medal toya waspa,
handres mijil den tangngisi,
kaliyan kang pandakawan,
kyahi tinggil wasta neki.
16. medal ngidul pinggir gunung,
malebet dateng wanaddri,
lali dahar miwa nendra,
mampan dereng hantuk warti,
kali cimanuk kang pernah,
hing pundi panggennan kali.
17. kantos hantuk tigang tahun,
henggene manjing wanaddri,
mampan dereng hantuk warta,
pitulung yang maha widi,
lajeng tumuli hanglampah,
kantos dumugi hing kali.
18. kali hagung hing citarum,
halinggih hing pinggir kali,
hingali toya geng prapta,
nulya hawecana haris,
hana hing pandakawan,
kang kekasi kyahi tingggil.
19. haddhuh paman susah hing hingsun,
kali gede ngliliwati,
yen nyabranga karo hapa,
humatur kiyahi tinggil,
mangke bendara hasowan,
kula turi sabar krihin.
20. kranten lami pukulun,
lumampa bendara gusti,
mila srantossena bendara,
hanyenengna hinghati,
la puhiki gusti dara,
kathah wowohan ta gusti.
21. kula kinten bekas dhusun,
hutawi kebonan jalmi,
sareng heca genya lenggah,
wonten kaki tuwa prapti,
hingkang mindha kaki tuwa,
buyut sidhum ti(yang) krihin.
22. raden wira loddra dulu,
wonten kaki kaki prapti,
sangnget bingah manahira,
bagja temen hawak mami,
bakal hingsun holi warta,
sangking kaki tuwa hiki.
23. henggal tinubruk rinangkul,
sesalaman hasta kalih,
sarwi sareng genya lenggah,
humatur hamelas hasi,
hadhu kaki kula tuwa,
nuhun pitulungnge kaki.
24. wus lami lampah pukulun,
sangking begelen negari,
tigang tahun lampa kula,
hing pundi cimanuk kali,
kula dereng hantuk warta,
muga kaki hanulungi.
25. ki sidhum wecana harum,
sarwi menggap menggap haris,
dhehem dhehem hawecana,
dhuh ki putu melas mami,
hiku sira ya kaliwat,
kesasar lampah hireki.
26. puniki kali citarum,
krawang bagiyanne hiki,
sampun kalintang pun tebih,
kedah putu balik mahing,
mesisira lampah dika,
ngaler ngetan lampah neki.
27. nuli hical kaki sepuh,
kaget wahu hahingngali,
gegetun den wira loddra,
dereng taken jeneng neki,
lan sing pundi hing kang hasal,
kabujeng musna pun kaki.
28. den wira wecana harum,
dhuh paman kiyahi tinggil,
mingngendi kang yahi tuwa,
ki tinggil mangsuli harris,
gugup raden gonne mriksa,
boten taken wasta krihin.
29. hutawi negari nnipun,
nanging bagja kula hiki,
semanten pan hantuk warta,
pitulung yang maha widi,
mila gusti henggal-henggal,
mangka lajeng mangkat malih.
30. wira lo ddra haris muwus,
puhiki margi pun henjing,
hingali wedaling surya,
nulya henggal pan lumaris,
lampah hipun wira loddra,
ngaler ngetan lampah neki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar