31. hangrempak hing wanah hagung,
lumampah siyang lan latri,
datan sareh datan dhahar,
sareng dugi pasir kucing,
ler wetan halas siluman,
wonten toyannipun mili.
32. medal sumber sangking sumur,
wecana maring ki tinggil,
hiki paman kali hapa,
padha leren sami mandhi,
sun tingngali hiki toya,
langkung sahe toya wehing
33. ki tinggi(l) sigra humatur,
mangga gusti kersa mandhi,
kula pengngen sesareyan,
hing handhap wiwitan hiki,
hadhem kasilir maruta,
henggal sareh kiyahi tinggil.
34. lami hantuk kalih minggu,
haneng tengahhe wanaddri,
nulya mangkat wira loddra,
mang ngetan lampahe nuli,
nulya manggihi yang gaga,
madhukuwan hing wanaddri.
05. wira setro naminipun,
sing wetan hasal rumiyin,
hing benjang bakal turunya,
dalem pegadhen benjing,
ki wira setro tetannya,
sami sesalaman hiki.
06. wira loddra haris matur,
hinggi kakang basa mami,
lan sinten hingkang peparab,
dhuh yayi hing jeneng mami,
hingkang wewangi kakang.
wira setro jeneng mami.
07. yayi sinten jenengngipun,
wira loddra jeneng mami,
sing begelen hasal kula,
ngilari cimanuk kali,
hangrangkul setro kusuma
la(h) yayi badhe ming pundi
08. karuna sami rinangkul,
hadhuh bagja temen mami,
pinanggih kaliyan kadang,
kakang sing wetan nekani,
banyuhurip dulur misan,
wira kusuma dipatih.
09. hanulya binakta wangsul,
hing wesma peranah hineki,
sinubah subah hadhahar,
sami sadha suka hati,
sampun lami tan hadhahar,
tiyang tiga sami bukti.
10. ki tinggil nuli humatur,
dhuh bendara nembe habdi,
dhahar sekul kali hulam,
selaminne boten bukti,
hamung dhahar gegodongngan,
hi(ng)kang kula dipun bukti.
11. hadhuh gusti kula suhun,
hingkang lami manggen ngriki,
badhe nglemokkaken badan,
lan handugekken daging,
daging kula katah hical,
hamung tambah weteng blending.
12. ngayag-gayag lir wong busung,
hamung hasta halit-talit,
yen lumampah sempoyongngan,
kula hasring tiba tangngi,
kasrimped hanang lawatan,
milanne sing lami ngriki.
13. tiyang kali sami guyu,
hing rungu haturre tinggil,
hiya paman tinggil bagja,
pinanggi lan kakang mami,
sarta rejekine paman,
kine paman bisa wareg dika bukti.
14. ki wira setro hamuwus,
hanyambungngi sabda manis,
du(h) kebagjan kula paman,
manggen tengnga wanah mami,
harang-harang ketamuwan,
hora pisan sampe hiki.
15. henggenne bungah wakkingsun,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar